Nandur Wit Pelem
Dina iki yaiku dina Minggu. Aku
kangsenan karo mbakyuku sing jenenge Rina arep tuku wit pelem ing pasty, amarga
pekarangan omahku iseh ana lahan sing selo. Sakwise kerungu adzan subuh, aku
banjur wudhu lan siap-siap sholat ana ing masjid, amarga masjid e ora adoh saka
omahku. Sakwise siap aku banjur pamitan karo mbakyuku.
"Mbak aku tak sholat ning masjid
dhisik yo." jareku.
"Tunggoni dek, aku tak wudhu
dhilit. Soale aku uga arep sholat ing masjid. " jawabane mbakyuku.
Aku banjur lungguh ing kursi teras
ngarep omah sinambi nunggu mbakyuku sing lagi wudhu. Aku wis nunggu kira-kira
lima menit, nanging mbakyuku urung metu saka omah.
"Ayo mbak, gek cepet. Ndak mengko
awakdewe keri le sholat." jareku sinambi mlebu omah, nileki mbakyuku sing
ora metu-metu.
"Yo, aku wis siap." jawabane
mbakyuku kesusu.
Sakwise siap, aku lan mbakyuku banjur
mangkat ing masjid. Tekan ing masjid aku lan mbakyuku banjur mlebu, amarga
sholat e wis dilekasi.
Sakwise sholat, aku lan mbakyuku banjur
bali ing ngomah. Tekan ngomah aku banjur nyapu latar, amarga wis rong dino
latar e ora disaponi. Latar sek maune reget saiki dadi resik. Sakwise nyapu aku
banjur lungguh ono ing teras. Mbakyuku banjur metu saka omah sinambi nggawa
rong gelas teh lan roti.
"Iki dek wedange gek diombe,
mumpung iseh anget." mbakyuku banjur nyekehake wedang lan roti ing dhuwur
meja.
"Nuwun nggih, mbak."
jawabanku. Aku banjur ngombe teh sing digawe mbakyuku.
"Mbak mengko le arep tuku wit pelem
jam piro?" pitakonku.
"Mengko jam sepuluh wae, dek."
jawabane mbakyuku.
"Nggih mbak. Berarti awakdewe saiki
nyiapake pupuk e sikek wae."
"Hooh, dek. Aku saiki tak nyiapake
peralatane sikek." jawabane mbakyuku sinambi mlebu omah.
Sakwise peralatane wis siap, aku lan
mbakyuku banjur menyang pekarangan mburi omah nyiapake pupuk ono ing cerak
kandang sapi.
"Pupuke semene kurang apa ora
mbak?" pitakonku.
"Rodho ditambahi meneh wae dek
mengko ndak kurang." jawabane mbakyuku.
Pupuk kandange wis siap. Aku lan
mbakyuku banjur wisuh lan siap-siap tuku tanaman ing pasty. Sakwise siap, aku
lan mbakyuku mangkat menyang pasty. Tekan pasty aku lan mbakyuku milih wit pelem sing arep dituku.
"Awakdewe arep tuku wit pelem sing
opo mbak?" pitakonku.
"Nek sing manalagi wae piye,
dek?" jawabane mbakyuku.
"Nggih mbak." jawabanku
sinambi ndelok-ndelok wit pelem sing ana ing pasty.
Sakwise tuku wit pelem aku lan mbakyuku
banjur bali ing ngomah. Tekan ngomah, aku lan mbakyuku banjur nyiapake
peralatan nganggo nandhur wit pelem. Sakwise kabeh peralatan wis siap, aku lan
mbakyuku banjur menyang pekarangan omah. Aku lan mbakyuku nandur lima wit pelem
manalagi. Sakwise rampung nandur, aku lan mbakyuku banjur menehi pupuk lan
nyirami wit pelem sing wis ditandur.
Esuke aku mangkat sekolah. Amarga dina
iki dina senin, dadi aku mangkat sekolah luwih esuk. Minggu iki aku luwih okeh
ngentekke waktuku ing sekolah amarga ing sekolah lagi okeh kegiatan. Dadi aku
ora ana wektu nggo nyiram lan ngrawat wit pelem sing tak tandur.
Sakwise kegiatan ing sekolahan wis
rampung. Aku banjur bisa ngurusi wit pelem sing wis tak tandur. Ananging nalika
aku nileki wit pelem sek wis tak tandur, aku kaget. Amarga wit peleme uwis
mati. Aku sedih lan nyesel, seminggu iki ora iso ngurusi wit pelem sing wis tak
tandur. Aku banjur mlebu omah lan nemoni mbakyuku.
"Mbak wit pelem sing ing pekarangan
mati."
"Iyo po dek?lha kok iso mati?"
jawabane mbakyuku.
"Aku yo ora ngerti mbak, soale aku
mau ndelok ing pekarangan wite wis mati. Paling amarga awakdewe ora tau
nyirami, mbak." jawabanku sedih.
"Yo wis, mengko wit pelem sek wis
mati diganti wae. Mengko tak tukokake wit e ing pasty maneh."
"Nggih mbak." jawabanku lirih.
Aku banjur menyang pekarangan lan
ngresiki wit pelem sing wis mati. Sorene mbakyuku bali saka pasty karo nggawa
wit pelem cacahe loro.
"Iki dek wit peleme wis tak tukokke.
Sesuk maneh aja nganti lali disirami lan diwenehi pupuk, ben wit peleme ora
mati maneh"
"Nggih mbak." jawabanku sambi
njupuk wit pelem sing cacahe loro.
Aku banjur menyang pekarangan lan nandur
wit pelem. Sakwise wit pelem wis tak tandur, banjur tak wenehi pupuk lan tak
sirami. Aku janji karo awakku dewe yen aku bakal ngrawat wit pelem iki nganti
gedhe.
No comments:
Post a Comment